B. Daerah

Pertanyaan

Strukture geguritan iku aba perangan

1 Jawaban

  • 1) Struktur Fisik


    a) Pamilihe tembung (diksi). Tembung ing geguritan asil saka pamilihe tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweni ateges entar (kias).


    b) Pengimajinasian. Tembung ing geguritan bisa nuwuhake khalayan. Kanthi khayalan kasebut kang maca lan ngrungokake bisa melu ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang ditulis dening penyair.


    c) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.


    d) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.


    2) Struktur Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku
    (a) bakuning gagasan/ tema (sense);
    (b) pangrasane penyair;
    (c) nada utawa sikap penyair marang “pembaca”;
    (d) amanat/ pesen. Ngenani unsur batin dibahas ing bab sabanjure.

Pertanyaan Lainnya